You can replace this text by going to "Layout" and then "Edit HTML" section. A welcome message will look lovely here.
RSS

Rabu, 22 Februari 2012

Sesorah Basa Jawa


Sesorah Basa Jawa


Assalamualaikum Wr. Wb.
Sugeng enjing.
Bapak kepala pawiyatan menengah negeri 4 Surakarta ingkang kula hormati.
Bapak ibu guru pawiyatan menengah negeri 4 Surakarta ingkang kula hormati.
Bapak ibu wali murid ingkang kula hormati.
Sedaya sedherek sepuh kelas 9 ingkang kula tresnani.
Minangka titahing Gusti Allah ingkang Maha Gesang, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken muji syukur dhumateng Allah ingkang sampun paring rahmat, taufik serta hidayah, pramila ing siyang punika kula tuwin panjenengan sedaya saged makempal saperlu mahargya perpisahan kelas 9 siswa-siswi pawiyatan menengah negeri 4 Surakarta.
Kula perwakilan kelas 7 kaliyan kelas 8 badhe ngaturaken selamet kangge sedaya sedherek sepuh kelas 9 amargi sampun sukses ngrampungaken pendidikan ing jenjang pawiyatan menika. Selamet kangge sedaya sedherek sepuh kelas 9 ingkang sampun sukses nindakaken ujian nasional. Kula sakanca inggih badhe ngaturaken panuwun kangge sedherek sepuh kelas 9 amargi sampun dados tuladha kang becik kangge kula kaliyan kanca-kanca. Maturnuwun sampun maringi bantuan kaliyan bimbingan dhumateng kula sakanca. Kula sakanca ugi nyuwun pangapunten ingkang kathah, salabeting sedherek sepuh kelas 9 sinau ing pawiyatan, kula sakanca nggadhahi tindak tanduk ingkang boten becik. Nyuwun pangapunten, salabeting sedherek sepuh kelas 9 sinau ing pawiyatan, kula sakanca boten dados adik kelas ingkang becik. Mugi-mugi sedherek sepuh kelas 9 sekalian saged pikantuk sekolah ingkang jumbuh kaliyan pilihan panjenengan sedaya.
Mekaten atur kula, menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten. Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Read Comments
  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

1 komentar:

Unknown mengatakan...

izin jadiin contoh buat tugas..

gomapdaa..

Posting Komentar