Sesorah Basa Jawa
Assalamualaikum
Wr. Wb.
Sugeng
enjing.
Bapak
kepala pawiyatan menengah negeri 4 Surakarta ingkang kula hormati.
Bapak
ibu guru pawiyatan menengah negeri 4 Surakarta ingkang kula hormati.
Bapak
ibu wali murid ingkang kula hormati.
Sedaya
sedherek sepuh kelas 9 ingkang kula tresnani.
Minangka
titahing Gusti Allah ingkang Maha Gesang, sumangga panjenengan sedaya
kula dherekaken muji syukur dhumateng Allah ingkang sampun paring
rahmat, taufik serta hidayah, pramila ing siyang punika kula tuwin
panjenengan sedaya saged makempal saperlu mahargya perpisahan kelas 9
siswa-siswi pawiyatan menengah negeri 4 Surakarta.
Kula
perwakilan kelas 7 kaliyan kelas 8 badhe ngaturaken selamet kangge
sedaya sedherek sepuh kelas 9 amargi sampun sukses ngrampungaken
pendidikan ing jenjang pawiyatan menika. Selamet kangge sedaya
sedherek sepuh kelas 9 ingkang sampun sukses nindakaken ujian
nasional. Kula sakanca inggih badhe ngaturaken panuwun kangge
sedherek sepuh kelas 9 amargi sampun dados tuladha kang becik kangge
kula kaliyan kanca-kanca. Maturnuwun sampun maringi bantuan kaliyan
bimbingan dhumateng kula sakanca. Kula sakanca ugi nyuwun pangapunten
ingkang kathah, salabeting sedherek sepuh kelas 9 sinau ing
pawiyatan, kula sakanca nggadhahi tindak tanduk ingkang boten becik.
Nyuwun pangapunten, salabeting sedherek sepuh kelas 9 sinau ing
pawiyatan, kula sakanca boten dados adik kelas ingkang becik.
Mugi-mugi sedherek sepuh kelas 9 sekalian saged pikantuk sekolah
ingkang jumbuh kaliyan pilihan panjenengan sedaya.
Mekaten
atur kula, menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten. Matur
nuwun.
Wassalamualaikum
Wr. Wb.
1 komentar:
izin jadiin contoh buat tugas..
gomapdaa..
Posting Komentar